PANDHAWA LIMA

4 Agu

YUDHISTIRA

Jeneng Yudhistira, ing crita Jawa, asline dianggo dening raja jin ing alas Mertani. Ing lakon Babad Alas Mertani, Pandhawa kasil ngalahake jin-jin ing alas kuwi.Yudhistira manjing ana ing ragane Puntadewa, pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo dening Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Indraprasta, iya Cintakapura, utawa Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani.

Ing Mahabharata, Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa dhewe.Dheweke lair saka bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengi Puntadewa kang tegese punjering kaluhuran.Yudhistira dhewe maknane raja prajurit. Ing Mahabharata, Pandhawa duwe bojo kang padha, yaiku Dewi Drupadhi (poliandri). Nanging ing wayang, Drupadhi iku bojone Puntadewa.Seka jejodhoan iki nuwuhake Pancawala.

Ing padhalangan, Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata (ratu Astina) lan Dewi Kunthi. Dasanamane, Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmaraja, Darmawangsa, Wijakangka(Dwijakangka), Gunatalikrama,Samiaji, lan Sang Ajathasatru. Miturut layang Mahabharata,salugune Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan, srana Bathara Dharma manunggalake rasane karo Dewi Kunthi kang mateg dayane aji Adityahredaya (yen miturut padhalangan “mateg aji Panggendaming dewa” kang aran Puntawekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa Lawanan). Rehne bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula dening para puja

ngga kita banjur diowahi, di jumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa kang isine yane peputra ora karo bojone dhewe kuwi klebu tumindak sing nistha. Mulane ing crita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu pandu, ratu ing Astina (Ngastina) lan Dewi Kunthi, dene Bathara Dharma kuwi dadi bapa angkate, kang uga banjur manitis ana anggane untadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut Darmakusuma.Garwa prameswarine Prabu Puntadewa iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada, ratu ing negara Pancala iya Cempala.Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Pancawala

           BIMA

Bima utawa kang luwih kaloka kanthi jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lanDèwi Kunthi Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa.

Lairé Bima

Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi.Ramané bebisik Bathara Bay

u, déwaning angin. Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih laro nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul.Awit saking kageté, Bhima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bhima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bhima gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping.

Miturut crita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké wujud bungkus. Jaman isih cilik urip ing Astina, nanging sakwisé ditundhung déning Korawa, Bima lan sedulur-seduluré dibuwang lang pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan Jodhipati/Unggulpawenang.

Anak Bojo

Bojone telu yaiku :

Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prejurit. Antareja bisa ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga laut.

Kasektèn

Bima uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, yakuwi Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara uga klebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning angin).

Aji-ajiné aran aji bandhung bandawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima Suci/Nawaruci.Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci.Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan ngandhani Bima perkara filsafat urip. Ing pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.

ARJUNA

Arjuna iku menawa miturut crita padhalangan, putra Prabu Pandhudéwanata, ratu Astina, klawan Dèwi Kunthi sing nomer telu. Mula saka kuwi, Arjuna banjur sinebut satriya “Panengah Pandhawa”. Sedhuluré nunggal rama lan ibu ana loro, yaiku Puntadéwa (Yudhistira) lan Werkudara (Bima). Déné, sedulur nunggal rama séjé ibu ana loro, yakuwi Nakula (Pinten) lan Sadewa (Tangsen). Déné yèn miturut layang Mahabharata, Arjuna iku saluguné putrané Bathara Indra kang miyos saka Dèwi Kunthi srana Dèwi Kunthi mateg aji panggendhaming déwa aran Adityahredaya (miturut Mahabharata) utawa aji Punta wekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa lawanan (miturut pedhalangan) paringané Resi Druwasa. Mula Arjuna uga sesilih Indratanaya kang tegesé putrané Bathara Indra.Kasatriyané Arjuna ana ing Madukara, patihé asma Surata (patih Rata).

 

Aji-aji

  • Palimunan/panglimunan   = bisa ngilang.
  • Tunggengmaya                    = bisa gawé banyu.
  • Sepiangin                            = bisa mlaku tanpa napak lemah banteré pindha angin.
  • Mlayabumi                            = bisa ngalahké mungsuh.
  • Pengasihan/sempaliputri   = disenengi wong akèh.
  • Asmaragama/kamasutra     = ngèlmu saresmi.

Pungkasan Crita

Ing Bharatayudha, Arjuna perang tandhing mungsuh Adipati Karna. Abot rasané ati, merga dhèwèké adu arep karo sedulur tuwa nunggal ibu séjé bapa.Nanging rasa mangu-mangu iki bisa diilangaké déning Prabu Bathara Kresna. Arjuna banjur maju ing palagan tandhing lawan seduluré sing diajeni. Wusanané Adipati Karna gugur ana sajroning paprangan.Ing perang baratayuda uga, Arjuna kèlangan kabèh putra-putrané.Nanging putuné, Parikesit, dadi raja ing Astina.Sawisé perang, Arjuna pindhah dadi raja ing Buwanakeling, kang mauné dadi kratoné Jayadrata.In

g bubaran perang uga, kabèh bojoné dipatèni déning Aswatama.Uripé Arjuna rampung bareng karo Pandhawa liyané munggah meny

ang kahyangan laku liwat Himalaya.

NAKULA

Nakula iku sawijining paraga Mahabharata.Nakula artine ‘‘bisa nguwasabi awake dhewe’’.Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten.Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palas

tra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris.

Raden Nakula kuwi satriya kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden Sadewa iya Sahadewa. Sekarone putrane nata ing Astina, Prabu Pandhudewanata, lan mijil saka garwa Dewi Madrim, kadang enome Raden narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka. Ing Mahabharata, Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih padha cilik-cilik, Nakula kuwi arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen. Pinten iku sejatine jeneng tandhuran kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya jenenge, Nakula lan sadewa lantip ing babagan obat-obatan amraga satriya sakloron kuwi titise dewa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib. Satriya sakembaran iku klebu sedulur nunggal rama seje ibu yen karo Prabu Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya lima kasebut kawentar kanthi aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget marang para kadhang sepuhe, senadyan seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.

SADEWA

Sadewa utawa Sahadewa iku sawijining paraga wiracarita Mahabharata.Nalika cilik jenenge Tangsen. Dheweke salah sijining Pandhawa. Tangsen iki jenenge wit-witan kang godhonge bisa digawe obat. Kaya dene sedulur kembare, Nakula, Satriya kang manggon ing Bumiretawu iki kondhang amarga lantip ing prekara obat-obatan. Wiwit isih bayi, Nakula lan Sadewa wis dadi bocah lola, tanpa rama-ibu. Satriya iki tinitisan Bathara Aswin, dewane tabib kang kembar karo Bathara Aswi. Bareng karo Nakula, Sadewa tansah ngiring Yudhistira ing kraton Amarta.Ing sawetara crita wayang, Sadewa lantip ing sasmita.Umpama Kresna ora ana, Sadewa kang sulih golek upaya.Nalika mboyong Dewi Srengginiwati seka Gisiksamodra, Sadewa kang bisa mbabar sayembara ngenani “sejatining lanang, sejatining wadon.”Jejodhoan iki nurunke putra Widapaksa utawa Sidapaksa.

Ing lakon liyane, Sudamala, Sadewa kang bisa ngruwat Bathari Uma bali maneh dadi ayu. Ing versi India, Sahadeva iku pinter pedhang. Ing Bharatayudha, Sahadeva kang bisa ngalahake lan mateni Shakuni (ing Jawa dadi Sangkuni

). Ing crita pedhalangan, Sangkuni dipateni dening Bima.

Ing lakon “Babad Alas Mretani” Sadewa entuk aji Purnamajadi seka Ditya Sapulebu. Aji iki bisa gawe wong sing nduwe eling apa wae kang wis

kelakon lan ngerti apa kang kedaden.cgh

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: